Rabu, 31 Juli 2013

Nampi pasrah temanten


PANAMPI


Kawilujengan saha katentreman tansah tumanduk wonten ing pajenengan dalasan kula. Amin
Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang satuhu kinabekten.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat kinurmatan.
                Ibu Dyah Ayu Ashari ingkang kunurmatan, ing titi kalenggahan menika, Kula  minangka sulih sarira Bp. Aditya sekaliyan, mundhi  dhawuhipun kinen nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan. 
                Namung sak derengipun kula lajengaken matur,sumongo pajenengan kula derekaken ngaturaken puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula panjenengan sami, katitik ing wekdal punika saged ngajangi pawiwahan upacara punika.
Ingkang sepisan, kula pribadi tuwin Bp. Aditya sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng rawuh panjenengan sadaya wonten ing wisma ngriki, satemah damel rancag tatacara ing wekdal punika.
Ingkang kaping kalih , lumantar kula, Bp. Aditya sekaliyan, ngaturaken panuwun awit salam taklim saking Bp. Deny Ari sekaliyan ingkang lumantar Ibu Dyah Ayu Ashari kala wau. Semanten ugi Bapa Aditya Sekaliyan ngaturaken salam mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha ibu Deny Ari kanthi pepuji mugi-mugi tansah pinaringan suh kanugrahaning Pangeran, cinelakna suka rahayu, lan tinebihna ing godha rencana.
Salajengipun, sowan panjenengan hanglarapaken  panganten kakung, pun Bg. Harun Nuruddin putra Bp. Deny sekaliyan, ingkang pidalem wonten ing Bulu, Sukoharjo, kula tampi kanthi sukarenaning manah lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan Rr. Khusnul Chotimah  putra siwi Bp. Aditya sekaliyan. Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak Aditya sapangombyong kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika.
Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar