ARDJOENASASRA
Ing nagari Lokapala, ratunipun asma Wisrawa, kagungan
putra asma Danapati utawi Wisrawana. Lan wonten ing Ngalengka ratunipun asma
Prabu Sumali, ingkang kagungan putra estri ingkang anama Dewi Sukesi. Prabu
Danapati nggadahi karsa badhe nglamar Dewi Sukesi, lajeng matur dhumateng
ramanipun supados nglamaraken dewi Sukesi. Ananging wusananipun, dewi Suksesi
kagarwa piyambak kaliyan prabu Wisrawa. Midangetaken menika Prabu Danapati
dados duka, lejeng nggadahi karsa badhe nglurug Ngalengka. Namung, anunten Bathara
Endra nyandhek karsanipun prabu Danapati. Prabu Danapati mirengaken
pangandikanipun Bathara Endra. Lajeng bathara Endra maringi garwa widadari
kekaling kangge prabu Danapati awasta Dewi Nawangsih kaliyan Dewi
Sasmitaningsih.
Wonten ing Ngalengka dewi Suksesi mbobot, lan sampun
mangsa ambabar miyos kakung. Ananging awujud danawa. Sirahipun sedasa,
tanganipun kalihdasa, dipunwastana Rawana. Lajeng dewi Sukesi apeputra malih
ingkang awujud danawa malih, anama Kumbakarna. Lajeng nalika sampun diwasa putra
kekalih wau tindhak dhateng redi Gohkarana. Dewi Sukesi ambabr malih, putra
estri ananging awujud danawa malih, asma Sarpakanaka. Begawan wisrawa dados
prihatos ningali kawontenan menika, lajeng nyuwun dhumateng dewa, supados
apeputra jaler ingkang bagusipun kados prabu Danapati. Wusananipun Begawan
Wisrawa pikantuk putra jaler ingkang bagus kados Prabu Danapati, asma Wibisana.
Lajeng Begawan Wisrawa seda.
Dasamuka tapa 100taun wonten ing redi Gohkarana.
Piyambakipun sampun pikantuk kekiyatan saha kasekten, lajeng piyambakipun
mantuk dhumateng Ngalengka. Dasamuka lajeng dados ratu wonten ing Ngalengka,
panjenanganipun nggadahi karsa badhe amengku jagat. Boten wonten ingkang saged
amejahi prabu Dasamuka, namung titisanipun bathara Wisnu ingkang saged amejahi Dasamuka.
Prabu Danapati ing Lokapala sampun pikantuk pawartos
bab menika, badhe angengetaken Dasamuka. Lajeng akintun serat, kabekta ing
utusan anama Gohmuka. Prabu Dasamuka duka nampi serat menika. Dasamuka
andhawaken prentah dhumateng patih Prahasta supados amepak bala kangge nglurug
Lokapala. Mustakanipun Gohmuka ingkang kala wau dipun tigas, mumbul ing
ngawang-awang dhawah wonten ing ngajenge pepatih Prabu Danapati, anama
Banendra. Kyai angsal pawartos menawi prabu Dasamuka anglurug dhumateng Lokapala.
Lajeng matur dhumateng ratunipun. Lajeng prabu Danapati ugi ndawahaken prentah
dhumateng patih Banendra, supados ngempalaken prajurit. Prabu Danapati kaliyan
Prabu Dasamuka sami pelas-linepas jemparing. Angatos dangu boten wonten ingkang
kasoran. Wusana prabu Dasamuka amusus asta, medal latunipun ageng sanget,
ngantos dumugi ing swarga. Prabu Danapati lajeng kecepeng lan badhe
dipunbanting. Patih Prahastha tumunten anyandak astanipun prabu Dasamuka, saha
matur angasih-asih, ampun ngantos amejahi ingkang raka.
Anunten begawan Padma tedhak saking swarga. Begawan
Padma menika ingkang rapa begawan Wisrawa, saha sampun dados dewa. Tumindakipun
kautus ing bathara Endra, amundhut prabu Danapati, badhe kadamel dewa, sarta
amaringaken kedhaton Lokapala dhumateng prabu Dasamuka. Ing nagari Lokapala
wonten redi ingkang puncakipun meh sundhul swarga, anama Kelasaprawata. Prabu
Dasamuka nginggahi redi kalawau. Wonten ing pucuk wonten kedhaton ingkang dados
panggenan widadari. Wonten ing ngriku prabu Dasamuka dipunaturi wangsul, amargi
dereng pikantuk ijinipun bathara Guru. Midhangetaken pepeling mekateng prabu
Dasamuka lajeng ndhedel kori, anangi tanganipun lajeng kapepet kaliyan kori
menika. Suaranipun prabu Dasamuka ngerik-ngerik ndamel gegering para dewa. Bathara
Guru lajeng amerentahaken dewa supados ngengakaken kori ingkang mipit astanipun
Dasamuka wau. Lajeng Dasamuka mlebet dhateng kedaton.
Ing redi wau wonten pratapanipun dewi Widawati, inggih
punika titisanipun dewi Sri. Dewi Widawati kapendhet putra dhumateng bagawan
Wrahaspati. Sasedanipun sang pandhita, dewi Widawati ingkang anenggeni
pratapanipun. Dewi Widowati badhe kajodhokaken kaliyan titisanipun bathara
Wisnu, asma prabu Arjunasasra saking Maispati. Dasamuka sareng ningali
widowati, piyambakipun nggadahi karsa badhe mendhet garwa dewi Widowati.
Dasamuka nyaketi saha angaras ukelipun ingkang andadosaken dukanipun dewi
Widawati. Dewi widawati lajeng wangsul
dhateng sanggar palanggatan, lajeng malebet ing latu murub sakala sariranipun
sirna. Dasamuka nututi dewi Widowati, ananging sampun boten katututan, sang
nata wangsul ing jawi. Boten tebih saking redi Kelasaprawata, wonten redi
Duksina. Wonten ratu ingkang tapa wonten mriku inggih menika prabu Maruta.
Wonten ing setunggal dinten, para pandhita sami makempal,
ingkang dipunpimpin prabu Maruta, anunten prabu Dasamuka rawuh. Sedaya pandhita
samu bibar, namung sang begawan Maruta ingkang taksih ing sanggar pamulangan
menika. Prabu Dasamuka mlebet, lajeng cariyos bilih piyambakipun bibar ambedhah
Lokapala, saha bathara Guru maringgaken nagari wau satalatahipun dhumateng sang
nata. Wondening preluning rawuhipun, namung badhe anelukaken sang bagawan
Maruta, awit redi Duksina kalebet ing wewengkonipun nagari Lokapala.
Begawa Maruta duka midhangetaken pangadikanipun sang
nata. Nalika begawan Maruta badhe mejahi Dasamuka, piyambakipun dipunpenggak
bathara Guru. Begawan Maruta boten siyos mejahi Dasamuka. Dasamuka cariyos bab
dewi Widowati. Bagawan Maruta ngendika menawi tiyang dewi Widowati sampun nitis
dhateng putri ing Manggada, ingkang kagarwa dhumateng prabu Arjunasasra ing
Maespati. Benjingipun badhe tumitis dhateng putri ing nagari Manthili, ingkang
badhe kagarwa dhumateng rajaputra ing Ngayodya. Midangetaken mekaten prabu
Dasamuka dados sareng, lan nggadahi karsa badhe nglurug Ngayodya. Ratu ing
Ngayodya, ajejuluk Banaputra sampun anampeni pratela menawi prabu Dasamuka
sampun ngancik tepis-wiringipun Ngayodya. Lajeng andhawaken perentah amepak
bala. Prabu Banaputra pikantuk pambiyantu saking ratu nagari sanes.
Kathah prajurit ingkang sami tumpes. Wusananipun prabu
Banaputra kenging jemparing, lajeng dawah. Prabu Banaputra ngendika menawi
benjang wonten wangsanipun prabu Banaputra ingkang anama Ragawa, igkang bakal
mejahi prabu Dasamuka. Midangetaken mekaten Dasamuka dados duka lajeng nyandhak
limpun, ndadosaken prabu Banaputra seda. Lajeng dasamuka sabalanipun njarah
kedathon, lajeng masanggrah wonten ing Poelo Manik.
Kacariyosaken ing nagari Maispati ratunipun
Ardorjawidjaja, inggih Sasrabaoe utawi Ardjoenasasra, garwanipunanama dewi
Tjitrawati, seliripun wolungatus. Pepatihipun anama Soewanda. Wonten ing
setunggalipun dinten prabu Ardjoenasasra nggadhahi karsa ameng-ameng dhumateng
wana ingkang urut pasisir. Lajeng piyambakipun bidhal kaliyan garwanipun sarta
seliripun cacah wolungatus. Wusananipun sang nata dumugi wonten ing redi ageng,
caket kaliyan lepen ageng, toyanipun lebet saha santer. Enjingipun dewi
Citrawati nggadahi karsa siram wonten ing lepen, namung amargi lepenipun lebet
saha santer dewi Citrawati boten saged siram. Prabu Arjunasasra prenthah
dhumateng patih Suwanda supados mambeg toya ing ngriku. Lajeng prabu suwanda
dados ageng kados redi, lajeng malang wonten ing lepen, ndadosaken toyanipun
mambeg.
Amargi toya wonten lepen mambeg, para danawa ingkang
masanggrah wonten ing Poelo Manik, dados katrajang toya lepen menika.
Kawontenan menika ndadosaken prabu Dasamuka duka. Prabu Dasamuka mrentah punggawa
danawa, anama Soekasrana supados madosi sinten ingkangkang ndadosaken agenging
toya . Boten antawis dangu Soekasrana ngaturaken pinanggih ing pamariksanipun,
bilih prabu Arjunasasra ingkan ndadosaken agenging toya. Prabu Dasamuka mrentah
dhumateng patih Prahasta nyepakaken bala kangge nglurug prabu Arjunasasra.
Patih Prahasta boten nmrayogakaken tumindakipun prabu Dasamuka menika, amargi
prabu Dasamuka menika ratu ingkang sekti lan titisanipun bathara Wisnu. Prabu
Dasamuka rumaos dipunsepelkaken. Prabu Dasamuka ndhudhuaken kasektenanipun
kanthi dados agegng, astanipun wolungatus. Patih Prahasta boten matur
punapa-punapa malih, piyambakipun lumampah wonten ing wingking saha prihatos
manahipun, amargi Dasamuka nampik piwulang prayogi.
Patih Suwanda sampun mereng menawi Dasamuka badhe
nglurug prabu Arjunasasra. Patih Suwanda lajeng anyepak bala, ingkang pikantuk
pambiyantu saking ratu-ratu ingkang sampun lereh. Sasmpunipun prabu Dasamuka
dumugi wonten ing paprangan, piyambakipun mrentah supados prabu Arjunasasra
nyembah dhateng piyambakipun. Ananging patih Suwanda mangsuli bilih punapa
ingkang dados kekajenganipun prabu Dasamuka boten badhe kaujud. Prabu Dasamuka
boten siyos perang amargi, piyambakipun namung purun perang kaliyan prabu
Arjunasasra. Ananging prentah dhateng Kampana, Soepwarsa, Doemraksa, saha
mintragan amethuk perangipun patih Suwanda.
Bala saking patih Suwanda kaliyan bala saking prabu
Dasamuka perang kanthi lepas-linepasan jemparing. Wusananipun kathah bala
danawa ingkang pejah namung kentun setunggal inggih menika Soekasrana,
piyambakipun lajeng matur dhateng prabu Dasamuka bilih kathah bala ingkang
pejah. Prabu Dasamuka duka, lajeng piyambakipun sabala, nglurug para ratu-ratu
wau saha patih Suwanda ingkang nembe sami binggah ngaub wonten sangandhaping
wit-witan sasmpun bala danawa sami pejah.
Wonten mriku patih Prahasta ngamuk sarwi nitih gajah.
Anangi gajah menika saged dipunpejahi dening salah setunggaling ratu kalereh.
Mangertosi bilih gajahipun patih Prahasta pejah, prabu Dasamuka linuwih
anggenipun duka, piyambakipun ngamuk lajeng numpesi sedayanipun. Para ratu
kalereh ingkang kalawau paring pambiyantu sami mundhur, amargi ajrih kaliyan
pangamukipun prabu Dasamuka.
Prabu Suwanda ningali tumindhakipun para ratu,
lajeng ngentun surat. Patih suwanda ngemutaken kesaenanipun prabu Arjuansasra
wonten ing gesang para ratu, saha patih Suwanda nyuwun supados para ratu wau
wangsul ing papranga. Sasampunipun maos serat wau, para ratu lajeng wangsul
dhateng paprangan. Prabu Dasamuka, dugi malih piyambakipun mrentah patih
Suwanda supados nimbali prabu Arjunasasra, ananging patih Suwanda boten purun
lan paring wangsulan ingkang dadosaken prabu Dasamuka duka malih. Lajeng prabu
Dasamuka nglepasaken limpung, kadawahan kaliyan jemparing patih Suwanda. Dangu
anggenipun sami lepas-linepasan jemparing. Wusananipun patih Suwanda
nglepasaken jemparing cakra, ingkang ndadosaken jangganipun prabu Dasamuka
pagas, lajeng seda. Ananging prabu Dasamuka nggadahi aji Pancasona ingkang
ndadosaken tungtuming mustaka ingkang sampun pagas wau. Wusananipun patih
Suwanda nglepasaken jemparing trisula, kenging dadanipun prabu Dasamuka,
panjenengane api-api seda. Nalika patih Suwanda badhe mesthekaken bilih
Dasamuka sampun pejah, anunten Dasamuka nglepasaken jemparing ingkang
ndadosaken patih Suwanda seda.
Prabu Arjunasasra sampun midangetaken menawi wonten
mengsah danawa saking nagari Ngalengka, saha sampun kapethuakaken dhumateng
patih Suwanda. Nalika piyambakipun badhe bidal dhateng paparangan, piyambakipu
kapanggih kaliyan putranipun prau Soda, saha dipunpratelakaken bilih patih
Suwanda sampun seda. Menika ndadosaken prabu Arjunasasra duka sanget, lajeng
amelak lampahing baris. Anunten sanghyang Kanekaputra tedak saking kadewatan,
ndawahaken prentahipun Bathara Guru supados prabu Arjunasasra ampun ngantos
mejahi prabu Dasamuka amargi dereng wancinipun prabu Dasamuka pejah. Menawi
sang prabu sampun anitis malih dhumateng manungsa ingkang dados ratunipun
kethek, ing ngriku wancinipun prabu Dasamuka pejah. Prabu Arjunasasra mangsuli
menawi piyambakipun boten badhe mejahi prabu Dasamuka, piyambakipun namung
badhe kaangkah kawonipun kemawon.
Wonten ing paprangan prabu Dasamuka kaliyan prabu
Arjunasasra sami lepas-linepasan jemparing. Anunten prabu Dasamuka dados ageng
kados redi saha murub, sirahipun wonten sedasa. Prabu Arjunasasra nglepasaken
jemparing trisula, ngleresi kenging jangganipun prabu Dasamuka, mustakanipun
pagas ananging boten dangu tungtum malih. Lajeng prabu Arjunasasra ugi dados ageng ngungkuli prabu Dasamuka,
astanipun sewu, sami nyepeng dedamel sedaya. Prabu Arjuanasasra saha prabu
Dasamuka sami lepas-linepasan jemparing. Boten antawis dangu bathari Durga,
garwanipun bathara guru tumedhak badhe paring pitulung dhumateng prabu
Dasamuka. Ananging prabu Arjunasasra mangertosi bab punika, lajeng paring denda
dhateng bathari Durga. Prabu Arjunasasra lajeng nglepasaken jemparing dibja,
jangganipun prabu Dasamuka rantas, ananging lajeng tungtum malih. Anunten
enggal dipuncandak ing sang prabu lajeng dipunrante. Ninggali Dasamula seda
patih Prahasta matur dhateng prabu Arjunasasra supados paring apunten dhumateng
Dasamuka. Patih prahasta cariyos kathah dhumateng prabu Arjunasasra.
Wonten salah satunggaling punggawa danawa anama
Sukasrana , malih dados manungsa nama
Sukasrana. Piyambakipun matur dhumateng abdi
bilihPrabu Arjunasasra sampun seda. Ratu Citrawati kaget midangetaken
pawarta menika. Dewi Citrawati lajeng enggal nyandahak patrem, lajeng
asuduk sarira. Selir wolungatus inggih
sami pejah sedaya
Prabu
Arjunasasra sanget kaget mangertosi garwanipun saha seliripun pejah. Boten
antawis dangu dewa ingkan nengga wonten ing lepen, sarat nyaosi toya ingkang
saged ndadosaken Dewi Citrawati saha sedaya seliripun saged gesang malih.
Lajeng dewa kalawau nyariosaken ingkang nyebabaken garwa saha seliripun seda.
Kacariyosaken wonten dewa ing Suralaja, anama Pulasta,
kapernah buyutipun Dasamuka. Resi Suralaja nyuwun supados prabu Dasamuka saged
gesang malih. Ing ngajeng prabu Dasamuka boten purun, ananging wusananipun
prabu Arjunasasra purun anggesangi prabu Dasamuka malih, ananging resi Pulasta
kedah anggesangi abdi ing Maispati ing sampun pejah.
Wusananipun prabu Dasamuka gesang malih. Lajeng resi pulawasta wangsul
dhateng Suralaja, prabu Arjunasasra ugi wangsul dhateng Maispati lan Dasamuka
wangsul dhateng Ngalengka.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar