Rabu, 31 Juli 2013

Nampi pasrah temanten

PANAMPI

Kawilujengan saha katentreman tansah tumanduk wonten ing pajenengan dalasan kula. Amin
Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang satuhu kinabekten.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat kinurmatan.
                Ibu Dyah Ayu Ashari ingkang kunurmatan, ing titi kalenggahan menika, Kula  minangka sulih sarira Bp. Aditya sekaliyan, mundhi  dhawuhipun kinen nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan. 
                Namung sak derengipun kula lajengaken matur,sumongo pajenengan kula derekaken ngaturaken puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula panjenengan sami, katitik ing wekdal punika saged ngajangi pawiwahan upacara punika.
Ingkang sepisan, kula pribadi tuwin Bp. Aditya sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng rawuh panjenengan sadaya wonten ing wisma ngriki, satemah damel rancag tatacara ing wekdal punika.
Ingkang kaping kalih , lumantar kula, Bp. Aditya sekaliyan, ngaturaken panuwun awit salam taklim saking Bp. Deny Ari sekaliyan ingkang lumantar Ibu Dyah Ayu Ashari kala wau. Semanten ugi Bapa Aditya Sekaliyan ngaturaken salam mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha ibu Deny Ari kanthi pepuji mugi-mugi tansah pinaringan suh kanugrahaning Pangeran, cinelakna suka rahayu, lan tinebihna ing godha rencana.
Salajengipun, sowan panjenengan hanglarapaken  panganten kakung, pun Bg. Harun Nuruddin putra Bp. Deny sekaliyan, ingkang pidalem wonten ing Bulu, Sukoharjo, kula tampi kanthi sukarenaning manah lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan Rr. Khusnul Chotimah  putra siwi Bp. Aditya sekaliyan. Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak Aditya sapangombyong kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika.
Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.

Kawilujengan soho katentreman tansah tumanduk wonten ing pajenengan dalasan kula. Amin

            Bapak Agus Widodo ingkang satuhu kinabekten, sarta
            Sedaya para kanca kelas XI  IA AKSEL ingkang tansah kula tresnani.
            Sakderengipun kula lajengaken matur, sumangga pajenengan dalasan kula sami ngunjukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Pangeran,awit kanugrahanipun ,saengga ing wanci punika  pajenengan dalasan kula saged kempal manunggal wonten ing papan punika kanthi kebak ing kabingahan.
Ingkang sak lajengipun keparenga kula kanthi andhap asoring manah,badhe ngaturaken sesorah kanthi irah – irahan “ Kirangipun Karemenan Maos”.
            Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,
            Wonten ing wekdal sakpunika, maos minangka dados salah satunggaling ayahan ingkang boten gampil dipun tindakaken. Lare-lare, para siswa soho ugi tiyang ingkang sampun dhewasa, nggadahi pemanggih bilih maos punika kalebet ayahan ingkang  boten ngremanaken “ mboseni” soho kaanggep salah satunggaling ayahan ingkang
mborosanken wekdal alias “ mbuang -mbuang wekdal “ kemawon.
            Punapa malih ing wekdal punika, wonten ing babagan tehnologi ingkang sampun majeng soho canggih,kanggenipun para lare lan para siswa ,punika mujudaken salah satunggaling sarana penunjang. Contonipun menawi badhe nggarap tugas –tugas lan badhe pados informasi para lare lan para siswa boten sisah maos buku ingakang kathah,  cekap namung   mbikak utawi “ngeklik “  wonten ing internet. Ing wekdal rumiyin maos minangka satunggaling ayahan ingkang saged dados hiburan,namung kanthi kemajengan tehnologi ing wekdal punika sampun kathah hiburan, ingkang ndadosaken ayahan maos punika boten ngremenaken lan “ mboseni “. Contonipun wontenipun play station ,game-game ingkang online lsp., ndadosaken para lare lan para siswa langkung remen dhateng permainan punika, kabanding kaliyan ayahan maos buku buku.
            Para tamu ingkang kinurmatan
            Sejatosipun pemanggih ingkang ngandaraken menawi maos punika minangka ayahan ingkang  mboseni lan mbucal wekdal kemawon,punika boten leres.Maos punika dados sarana kangge kita sedaya supados saged mangertosi bab – bab utawi pengetahuan ingkang enggal. Kita kedah sami enget wonten salah satunggaling pribahasa Indonesia, ingkang ungelipun  Buku adalah jendela dunia” ingkang nggadahi teges ,menawi buku utawi maos punika manfaatipun ageng sanget kangge kita sedaya. Kanthi nindakaken maos buku,kita saget tambah pengertosan.Kajawi saking pinika maos saget kaginaken kangge sarana hiburan.contonipun,maos novel,cerpen,komik lsp.Maos ugi nggadahi kaginaan sanes inggih punika,kanthi remen maos kita saget “berimajinasi” lan nggladi pikiran supados saget tansah mikir.
            Panci boten klintu menawi kita ngginaaken saha mangertosi tehnologi-tehnologi ingkang majeng utawi canggih ,punika inggih prelu. Namung sampun ngantos kita nglirwakaken ayahan sanes ingkang nggadahi manfaat ingkang ageng kadosta “ maos “ punika.
            Para tamu ingkang kinurmatan
            Awit saking punika sumangga kita mbangun pakulinan maos buku. Kita saged miwiti saking dhiri kita piyambak –piyambak. Saben dinten kedah kita cobi maos buku sakirang – kirangipun setunggal jam. Menawi sampun kulinten dipun tambahi malih wekdallipun maos. Kairing lampahing wekdal.maos punika kita dadosaken pukulintenan wonten ing dhiri kita. Sak sampunipun maos buku sampun dados pakulitenan wonten ing dhiri pribadi, kita saget ngajak rencang – rencang supados purun lan remen anggenipun maos buku.
Menawi sedaya sampun mekaten,maos punika badhe dados budaya wonten ing masyarakat lan ing pangajab bangsa kita saget dados bangsa ingkang pinter, dados bangsa ingkang pinunjul awit saking remen maos buku.
            Para tamu ingkang kinurmatan
            Mekaten  sekedik ingkang saged kula aturaken.mugi wonten ginanipun kangge kita,mlingginipun kangge para siswa, sumonggo kita remen maos buku,wiwit wekdal punika.
Puput pepuntoning atur kupat duduhe santen menawai wonten lepat nyuwun pangapunten.
Nuwun,matur nuwun.

Sesorah (Praktek)

Sinopsis Ardoenasasra

ARDJOENASASRA
Ing nagari Lokapala, ratunipun asma Wisrawa, kagungan putra asma Danapati utawi Wisrawana. Lan wonten ing Ngalengka ratunipun asma Prabu Sumali, ingkang kagungan putra estri ingkang anama Dewi Sukesi. Prabu Danapati nggadahi karsa badhe nglamar Dewi Sukesi, lajeng matur dhumateng ramanipun supados nglamaraken dewi Sukesi. Ananging wusananipun, dewi Suksesi kagarwa piyambak kaliyan prabu Wisrawa. Midangetaken menika Prabu Danapati dados duka, lejeng nggadahi karsa badhe nglurug Ngalengka. Namung, anunten Bathara Endra nyandhek karsanipun prabu Danapati. Prabu Danapati mirengaken pangandikanipun Bathara Endra. Lajeng bathara Endra maringi garwa widadari kekaling kangge prabu Danapati awasta Dewi Nawangsih kaliyan Dewi Sasmitaningsih.
Wonten ing Ngalengka dewi Suksesi mbobot, lan sampun mangsa ambabar miyos kakung. Ananging awujud danawa. Sirahipun sedasa, tanganipun kalihdasa, dipunwastana Rawana. Lajeng dewi Sukesi apeputra malih ingkang awujud danawa malih, anama Kumbakarna. Lajeng nalika sampun diwasa putra kekalih wau tindhak dhateng redi Gohkarana. Dewi Sukesi ambabr malih, putra estri ananging awujud danawa malih, asma Sarpakanaka. Begawan wisrawa dados prihatos ningali kawontenan menika, lajeng nyuwun dhumateng dewa, supados apeputra jaler ingkang bagusipun kados prabu Danapati. Wusananipun Begawan Wisrawa pikantuk putra jaler ingkang bagus kados Prabu Danapati, asma Wibisana. Lajeng Begawan Wisrawa seda.
Dasamuka tapa 100taun wonten ing redi Gohkarana. Piyambakipun sampun pikantuk kekiyatan saha kasekten, lajeng piyambakipun mantuk dhumateng Ngalengka. Dasamuka lajeng dados ratu wonten ing Ngalengka, panjenanganipun nggadahi karsa badhe amengku jagat. Boten wonten ingkang saged amejahi prabu Dasamuka, namung titisanipun bathara Wisnu ingkang saged amejahi Dasamuka.
Prabu Danapati ing Lokapala sampun pikantuk pawartos bab menika, badhe angengetaken Dasamuka. Lajeng akintun serat, kabekta ing utusan anama Gohmuka. Prabu Dasamuka duka nampi serat menika. Dasamuka andhawaken prentah dhumateng patih Prahasta supados amepak bala kangge nglurug Lokapala. Mustakanipun Gohmuka ingkang kala wau dipun tigas, mumbul ing ngawang-awang dhawah wonten ing ngajenge pepatih Prabu Danapati, anama Banendra. Kyai angsal pawartos menawi prabu Dasamuka anglurug dhumateng Lokapala. Lajeng matur dhumateng ratunipun. Lajeng prabu Danapati ugi ndawahaken prentah dhumateng patih Banendra, supados ngempalaken prajurit. Prabu Danapati kaliyan Prabu Dasamuka sami pelas-linepas jemparing. Angatos dangu boten wonten ingkang kasoran. Wusana prabu Dasamuka amusus asta, medal latunipun ageng sanget, ngantos dumugi ing swarga. Prabu Danapati lajeng kecepeng lan badhe dipunbanting. Patih Prahastha tumunten anyandak astanipun prabu Dasamuka, saha matur angasih-asih, ampun ngantos amejahi ingkang raka.
Anunten begawan Padma tedhak saking swarga. Begawan Padma menika ingkang rapa begawan Wisrawa, saha sampun dados dewa. Tumindakipun kautus ing bathara Endra, amundhut prabu Danapati, badhe kadamel dewa, sarta amaringaken kedhaton Lokapala dhumateng prabu Dasamuka. Ing nagari Lokapala wonten redi ingkang puncakipun meh sundhul swarga, anama Kelasaprawata. Prabu Dasamuka nginggahi redi kalawau. Wonten ing pucuk wonten kedhaton ingkang dados panggenan widadari. Wonten ing ngriku prabu Dasamuka dipunaturi wangsul, amargi dereng pikantuk ijinipun bathara Guru. Midhangetaken pepeling mekateng prabu Dasamuka lajeng ndhedel kori, anangi tanganipun lajeng kapepet kaliyan kori menika. Suaranipun prabu Dasamuka ngerik-ngerik ndamel gegering para dewa. Bathara Guru lajeng amerentahaken dewa supados ngengakaken kori ingkang mipit astanipun Dasamuka wau. Lajeng Dasamuka mlebet dhateng kedaton.
Ing redi wau wonten pratapanipun dewi Widawati, inggih punika titisanipun dewi Sri. Dewi Widawati kapendhet putra dhumateng bagawan Wrahaspati. Sasedanipun sang pandhita, dewi Widawati ingkang anenggeni pratapanipun. Dewi Widowati badhe kajodhokaken kaliyan titisanipun bathara Wisnu, asma prabu Arjunasasra saking Maispati. Dasamuka sareng ningali widowati, piyambakipun nggadahi karsa badhe mendhet garwa dewi Widowati. Dasamuka nyaketi saha angaras ukelipun ingkang andadosaken dukanipun dewi Widawati. Dewi  widawati lajeng wangsul dhateng sanggar palanggatan, lajeng malebet ing latu murub sakala sariranipun sirna. Dasamuka nututi dewi Widowati, ananging sampun boten katututan, sang nata wangsul ing jawi. Boten tebih saking redi Kelasaprawata, wonten redi Duksina. Wonten ratu ingkang tapa wonten mriku inggih menika prabu Maruta.

Secerca Kisah

SECERCA KISAHKU

Awalnya ku ikuti segala bentu permainanmu
Ku ikuti langkahmu dibelakangamu
Ya sangat tepat dibelakangmu…
Aku berharap tidak selamanya kau akan bersama duniamu
Dunia fantasimu yang akan membutakan dirimu
Egoismemu kuanggap sebagai penyesuainmu
Penyesuaianku untuk menerima kehadiranmu
Helaan napas yang tak pernah kau hirau
Senyuman senyuman masam yang tak pernah kau tau
Dan perasaan sedih yang selalu melanda tak pernah kau rasa
Jangankan kau rasa kau ketahui pun tidak..
Keapatisanmu menutup relung hatimu
Aku berpikir kau membuka hati untukku
Memberikanku sedikit ruang dan waktu
Ya ruang dan waktu untukku memahami keadaanmu dan keapatisan hatimu
Namun disaat aku mulai bisa mengimbangimu kau tinggalkanku
Kau berubah segalanya berubah
Entah apa yang telah membuatmu berubah sejauh ini
Hingga aku yang semula ada didekat mu tak mampu lagi mengimbangimu
Kau balikan semua katamu dulu..
Kau hanya peduli padaku disaat aku peduli padamu