Senin, 02 April 2012

Geguritan Jawi


Sun nggegurit
Oleh : Melva Rosdhi L

Para mudhi jaman saiki
Suba sita dha ora ngerti
Wong tuwa ora diajeni
Unggah ungguh ra dingerteni
Landhep banget ana ing lati
Sing digugu karepe dhiri
Wong liya ora dingerteni
Apa sing arep mbok goleki?
Apa sing arep mbok temoni?
Sarwa sauntara ing donya ki
Ja nganti gela ing tembe mburi
Di ubah laku sing ra peni
Ja nganti disik tekane pati
Padha mratobato mring Gusti



Tidak ada komentar:

Posting Komentar