Senin, 02 April 2012

Sesorah


Kawilujengan soho katentreman tansah tumanduk wonten ing pajenengan dalasan kula. Amin

            Bapak Agus Widodo ingkang satuhu kinabekten, sarta
            Sedaya para kanca kelas XI  IA AKSEL ingkang tansah kula tresnani.
            Sakderengipun kula lajengaken matur, sumangga pajenengan dalasan kula sami ngunjukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Pangeran,awit kanugrahanipun ,saengga ing wanci punika  pajenengan dalasan kula saged kempal manunggal wonten ing papan punika kanthi kebak ing kabingahan.
Ingkang sak lajengipun keparenga kula kanthi andhap asoring manah,badhe ngaturaken sesorah kanthi irah – irahan “ Kirangipun Karemenan Maos”.
            Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,
            Wonten ing wekdal sakpunika, maos minangka dados salah satunggaling ayahan ingkang boten gampil dipun tindakaken. Lare-lare, para siswa soho ugi tiyang ingkang sampun dhewasa, nggadahi pemanggih bilih maos punika kalebet ayahan ingkang  boten ngremanaken “ mboseni” soho kaanggep salah satunggaling ayahan ingkang
mborosanken wekdal alias “ mbuang -mbuang wekdal “ kemawon.
            Punapa malih ing wekdal punika, wonten ing babagan tehnologi ingkang sampun majeng soho canggih,kanggenipun para lare lan para siswa ,punika mujudaken salah satunggaling sarana penunjang. Contonipun menawi badhe nggarap tugas –tugas lan badhe pados informasi para lare lan para siswa boten sisah maos buku ingakang kathah,  cekap namung   mbikak utawi “ngeklik “  wonten ing internet. Ing wekdal rumiyin maos minangka satunggaling ayahan ingkang saged dados hiburan,namung kanthi kemajengan tehnologi ing wekdal punika sampun kathah hiburan, ingkang ndadosaken ayahan maos punika boten ngremenaken lan “ mboseni “. Contonipun wontenipun play station ,game-game ingkang online lsp., ndadosaken para lare lan para siswa langkung remen dhateng permainan punika, kabanding kaliyan ayahan maos buku buku.
            Para tamu ingkang kinurmatan
            Sejatosipun pemanggih ingkang ngandaraken menawi maos punika minangka ayahan ingkang  mboseni lan mbucal wekdal kemawon,punika boten leres.Maos punika dados sarana kangge kita sedaya supados saged mangertosi bab – bab utawi pengetahuan ingkang enggal. Kita kedah sami enget wonten salah satunggaling pribahasa Indonesia, ingkang ungelipun  Buku adalah jendela dunia” ingkang nggadahi teges ,menawi buku utawi maos punika manfaatipun ageng sanget kangge kita sedaya. Kanthi nindakaken maos buku,kita saget tambah pengertosan.Kajawi saking pinika maos saget kaginaken kangge sarana hiburan.contonipun,maos novel,cerpen,komik lsp.Maos ugi nggadahi kaginaan sanes inggih punika,kanthi remen maos kita saget “berimajinasi” lan nggladi pikiran supados saget tansah mikir.
            Panci boten klintu menawi kita ngginaaken saha mangertosi tehnologi-tehnologi ingkang majeng utawi canggih ,punika inggih prelu. Namung sampun ngantos kita nglirwakaken ayahan sanes ingkang nggadahi manfaat ingkang ageng kadosta “ maos “ punika.
            Para tamu ingkang kinurmatan
            Awit saking punika sumangga kita mbangun pakulinan maos buku. Kita saged miwiti saking dhiri kita piyambak –piyambak. Saben dinten kedah kita cobi maos buku sakirang – kirangipun setunggal jam. Menawi sampun kulinten dipun tambahi malih wekdallipun maos. Kairing lampahing wekdal.maos punika kita dadosaken pukulintenan wonten ing dhiri kita. Sak sampunipun maos buku sampun dados pakulitenan wonten ing dhiri pribadi, kita saget ngajak rencang – rencang supados purun lan remen anggenipun maos buku.
Menawi sedaya sampun mekaten,maos punika badhe dados budaya wonten ing masyarakat lan ing pangajab bangsa kita saget dados bangsa ingkang pinter, dados bangsa ingkang pinunjul awit saking remen maos buku.
            Para tamu ingkang kinurmatan
            Mekaten  sekedik ingkang saged kula aturaken.mugi wonten ginanipun kangge kita,mlingginipun kangge para siswa, sumonggo kita remen maos buku,wiwit wekdal punika.
Puput pepuntoning atur kupat duduhe santen menawai wonten lepat nyuwun pangapunten.
Nuwun,matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar