Senin, 02 April 2012

Pacelathon

-->

DEMAM BERDARAH

Melva     : “Kulanuwun, Bu.”
Bu Yuni  : “Mangga… Weh kowe ta, Nduk. Ana apa kok njanur gunung, kadingaren dolan
                 mrene?’’
Melva     : "Inggih, Bu. Wonten sekedhik prelu.”
Bu Yuni  : “Ana apa, Nduk?”
Melva     : “Kula badhe tanglet babagan penyakit demam berdarah utawi DB.”
Bu Yuni  : “Apa ta sing arep mbok takokne, Nduk?”
Melva     : “Menapa ingkang dipunwastani penyakit DB menika?”
Bu Yuni  : “Penyakit demam berdarah iku kalebu salah sawijining penyakit sing mbebayani.”
Melva     : “Lho.. kengeng menapa kok mbebayani, Bu?”
Bu Yuni  : “Amarga penyakit demam berdarah biasane bisa ndadekake kematian tumrap 
                 wong kang nandang demam berdarah iku.”
Melva    : “Bu, menapa ingkang nyebabaken penyakit DB menika?”
Bu Yuni  : “DB iku disebabake salah sawijining virus, yaiku virus dengue. Virus Dengue
                 biasane digawa kewan perantara utawa vector. Lan biasane sing dadi kewan
                 perantara utawa vector dening virus dengue yaiku nyamuk. Nyamuke mau
                 jenenge nyamuk aedes agepty.”
Melva    : “Lha ingkang dados pathokan kangge mbentenaken nyamuk biasan lan nyamuk
                 aedes  aegpty menika kados pundi?”
Bu Yuni  : “Nyamuk Aedes Agepty lan nyamuk liyane iku jan-jane arep padha. Nanging sing
                 gawe  beda yaiku binthik-bintik putih sing ana ing awake nyamuk nyamuk aedes
                 agepty.”
Melva    : “Oh.. mekaten, Bu. Lajeng pripun berkembang biakipun nyamuk aedes agepty
                 menika?”
Bu Yuni  : “Nyamuk aedes agepty biasane berkembangbiak ana ing papan kang iso nampung  
                 banyu resik nanging jarang dikuras utawa diresiki, tuladhane genthong lan papan layane sing bisa nampun banyu. Lan perlu kowe ngerti menawa suklus uripe nyamuk aedes agepty saka endhog nganti dadi nyamuk dewasa iku butuh wektu kurang luwih 7 dina.”
Melva    : “Bu, kados pundi bilih badhe mangertosi menapa tiyang menika kenging DB napa boten?”
Bu Yuni  : “Biasa wong kang kena penyakit DB iku awake panas utawa demam kurang luwih 4 dina lan ora dibarengi tanda-tanda flu liyane, kayata pilek, watuk,lsp. Ulu ati biasane kerasa nyeri, biasane ning awake uga katon bintiik-bintik abang pas dina ke-4. Lan menawa uwis parah biasane wong kasebut bakal mimisan.”
Melva    : “Wah, Bu. Kula malah dados ajrih. Sinten kemawon ingkang asring ketaman
                 penyakit DB, Bu?”
Bu Yuni  : “Biasane sing kerep kena penyakit DB iku bocah-bocah cilik. Nanging jaman saiki
                 ora mung bocah cilik, nanging wong dewasa uga bisa kena penyakit DB.”
Melva    : “Kados pundi caranipun penularan penyakit DB menika?”
Bu Yuni  :”Cara penularane yaiku menawa ana salah sawijine wong kang uwis kena penyakit
                 DB dicokot nyamuk aedes agepty banjur nyamuk mau nyokot wong liya sing sehat,
                 wong mau uga bisa kena DB. Nanging menawa uwong mau daya tahan awake
                 apik, virus dengue sing digawa nyamuk aedes agepty ora bisa nyerang wong kasebut.”
Melva    : “Lajeng menawi sampun kenging penyakit DB menapa ingkang kedah
                 dipuntindakaken?”
Bu Yuni  : “Sing kudu ditindakake kanggo pertolongan pertama yaiku diwenehi ngombe sing
                 akeh kanggo ngganti cairan sing ilang, supaya panase ora tambah duwur bisa uga
                dikompres banyu anget utawa menawa nduwe obat panas bisa diwenehake.
                  Nanging aka mung mengkono, wong sasebut kudu enggal-enggal digawa menyang
                dokter utawa Rumah sakit.”
Melva    : “Kados pundi Bu kangge nyegah penyakit DB menika?”
Bu Yuni  : “Kanggo nyegah DB bisa kanthi cara, sregep ngresiki lingkungan kayata PSN
                (pemberantasan Sarang Nyamuk), nguras papan-papan sing bisa kanggo nampun
                banyu saben 3 dina sepisan.”
Melva    : “Menapa namung menika, Bu?”
Bu Yuni  :”Ora, Nduk. Ijik enek maneh. Sak liyane kuwi yaiku mendhem barang-barang bekas kang bisa nampung banyu kayata kaleng bekas, drum bekas,lsp. Lan menawa ana papan penampungan banyu sing ora bisa dikuras, kudu diwenehi serbuk, kang  diarani Abate. Lan sak liyane iku kang ora kalah penting yaiku kudu bisa njaga kesehatan kanthi cara mangan panganan kang bergizi lan olahraga kang cukup. Kanthi mengkono kita ora gamapang ketaman penyakit.”
Melva    : “Matur nuwun, Bu. Sakniki kula mangertos napa niku Db lan pripun pencegahane.  
                 Maturnuwun, Bu.”
Bu Yuni  : “Iyo, Nduk. Padha-padha.”
Melva    : “Nggih sampun,Bu. Kula kinten sampun cekap. Kula badhe mantuk rumiyin, niki
                 nggih sampun badhe jawah.”
Bu Yuni  : “Oh iyo, Nduk. Ati-ati.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar