Senin, 02 April 2012

Pambgyaharja


Kawilujengan soho katentreman mugi tansah tumanduk wonten ing pajenengan dalasan kula. Amin

Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, saha para rawuh kakung miwah putrid ingkang satuhu bagya mulya. Kula nuwun keparenga semela atur,nggempil kamardikan panjenengan sami, ingkang nembe wawan pangandikan. Kula minangka tetalanging tanggap wacana kalilanana matur ing ngarsanipun para rawuh miwah putrid, bilih saking keparengipun Bp Sukimin Sekaliyan, kula ingkang tinanggenah ngaturaken wosing gati ing kalengahan punika.
Namung sakderengipun kula nglajengaken  atur, langkung rumiyin sumangga panjenengan, kula derekaken  mgaturaken agenging panuwun  dhumateng Gusting ingkang Maha Agung saking kamirahanipun.
Ingkang salajengipun Bp Sukimin lumantar kula ngambali atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agenging panuwun dhateng panjenengan sami ingkang sampun kepareng rawuh hanjenengi pahargyan prasaja ing wekdal punika, saha kepareng paring donga pamuji dhateng temanten kekalih.
Lumantar kula keluarga Bp Sukimin boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng para sanak kadhang ingkang sampun kepareng nderek paring pambiyantu awujud punapa kemawon, murih gancaripun pahargya prasaja ing wekdal punika. Sarehaning Bp Sukimin sekaliyan boten saged ngaturaken lelintu dhateng panjenengan sami, hambok bilih namung saged ngaturaken pudya pudyastuti, mugi kesaenan panjenengan pikantuk lelintu saking Pangeran ingkang Maha Agung.
Ingkang salajengipun Bp Sukimin Sekaliyan taksih nyuwun gungang dhumateng panjenengan sadaya, mugi kersa hanjenengi pahargyan prasaja ing rikalenggahan punika ngantos paripurnaning gati.
Ing wasana, para tamu, para rawuh mugi kepareng nglajengaken lelenggahan kanthi sekecaning manah sinambi ngrahapi sedaya pasugatan ngantos purnaning pawiwahan punika.
Maangka puput peputoning atur, hambok bilih anggen kula nggaturaken kanthah kekirangan saha kalepatan, kula nyuwun gunging sih samodra pangaksami.

Nuwun, matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar